Rabu, 25 Desember 2013

PANYANDRA



Tuladha:

  1. Candrane peranganing awak:
    a. Gulune ngelung gadhung.
    b. Bangkeane nawon kemit
    c. wadane melok lir wulan purnama.
    d. Imba njlarit nanggal sepisan.
    e. Netra lir baskara kembar.
  2. Candrane solah bawa:
    a. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
    b. Untabing wadya bala kaya gabah den interi.
    c. Kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang.
    d. Tandhange kaya bantheng ketaton.
    e. Anjenger kaya tugu sinukarta.
  3. Candrane satriya:
    Raden Gathotkaca iku satriya sekti mandraguna, otot kawat balung wesi sungsum gegala, kulit tembaga, daging kencana, driji gunting sikut palu, dhengkul paron, pupu meriem ngangem caping basunanda, kotang antakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa sothang bisa mabur tanpa elar.
  4. candrane wong nesu:
    a. Talingan lir sinebit.
    b. Jaja mengkap bang mawinga-winga.
    c. Angga mubal dahana.
    d. Netra andik angatirah.
    e. Waja gathik.
  5. Candrane wong nginum:
    a. Eka padma sari : raine katon abang
    b. Dwi amartani : rasa ing endi-endi
    c. Tri kawula busana : rasa sumuk klambi dibukak
    d. Catur wanara rukem : kaya kethek kabotan woh-wohan (dleming)
    e. Panca surya panggah : atine ora krasa wedi
    f. Sad guna weweka : ana wong apik dianggep awake
    g. Sapta kukila warsa : kaya manuk kadhemen
    h. Hasta sacara-cara : polah petingkahe ora semangat
    i. Nawa gra lupa : awak kanthi lesu tanpa daya
    j. Dasa yaksa wangke : kaya buta mati

Rabu, 18 Desember 2013

Sesorah

Sesorah utawa pidato iku ngomong utawa ngandhani marang wong akeh ana sawijiing papan nganggo cara kang cocog. Urut-urutane sesorah yaiku:
  1. Irah-irahan
  2. Pambuka
    - salam / salam pambuka
    - ucapan pakurmatan / sapaan hormat khusus
    - ucapan syukur
    - ucapan panuwun marang panatacara
  3. Isi
    - ucapan pakurmatan / sapaan hormat umum
    - materi / wosing sesorah
  4. Panutup
    - ucapan pakurmatan / sapaan hormat khusus
    - ukara kang nuduhake yen sesorah wis rampung
    - pangarep-arep upamane: mugi-mugi wonten ginanipun
    - nyuwun pangapura
    - mbalekake wektu marang panatacara
    - salam panutup cara islam kena, liyane ya kena, dene yen agamane saliyane islam apike      migunakake cara liyane Islam.

Selasa, 17 Desember 2013

Seselan um, in, el, er

Seselan utawa sisipan (infiks) yaiku wuwuhan kang manggone ana ing tengahe tembung.
Seselan ing basa Jawa ana papt yaiku: um, in, er, el.
  1. Seselan -um-
    seselan -um- yen diseselake ing tembung lingga kang diwiwiti aksara p dadi k.
    tuladha:
    - panggang + (-um-) = pumanggang = kumanggang = kemanggang
    - pinter + (-um-) = puminter = kuminter = keminter
    seselan -um- yen diseselake ing tembung lingga kang diwiwiti aksara b malih dadi g.
    tuladha:
    - bagus + (-um-) = bumagus = gumagus = gemagus
    - bakar + (-um-) = bumakar = gumakar = gemakar
    seselan -um- biasane owah dadi -em
  2. Seselan -in-
    seselan -in- uga diarani tanggap na, jalaran tembung lingga kang seselan -in-, mesthi malah dadi tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Dadi pada karo ater-ater di-.
    tuladha:
    - pedhang + (-in-) = pinedhang "dipedhang"
    - sapu + (-in-) = sinapu "disapu"
  3. Seselan -er- lan -el-
    seselan -er-, lan -el- biasane malih dadi -r-, lan -l-, seselan iki gunggunge mung winates, amarga ora kabeh tembung bisa diseseli -er- lan -el-.
    tuladha:
    - kelip + (-er-) = kerelip = krelip
    - jerit + (-el-) = jelerit = jlerit

Minggu, 15 Desember 2013

Jinising Ukara


Miturut jinise ukara kanthi adhedasar suarane / isine ukara basa Jawa bisa kaperang kaya ing ngisor iki:
  1. Ukara carita / kalimat berita
    Ukara carita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya.
    Tuladha:
    a.       Dina senin Bapake Dini rawuh saka tindak haji.
    b.     
    Adhiku nangis ora meneng-meneng.
  2. Ukara pitakon / kalimat tanya
    Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakonan, amarga kepengin ngerteni apa kang durung dingerteni. Biasane migunakake tembung pitakon apa, piye, sapa, pira, ing ngendi, kapan lan sapiturute.
    Tuladha:
    a.       Sapa asmane guru basa Jawa sing anyar?
    b.     
    Piye yen leren dhisik?
    c.      
    Sapa sing ora kepengin munggah ing kelas iki?
  3. Ukara pakon / kalimat perintah
    Ukara pakon yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa prentah marang wong liya supaya nindhakake sawijing bab utawa sawijing pakaryan kang sing dikarepake sing kongkon.
    Tuladha:a.       Jogan kae sapunen!
    b.     
    Jupukna sandhal kae!
  4. Ukara pangajakUkara pangajak yaiku ukara kang isine pakon supaya bareng-bareg nindhakake pagawean karo sing ngajak. Dadi sing ngajak lan sing iajak bareng-bareng nindhakake pagaweyan.
    Tuladha:
    a.       Ayo padha mampir nggonku dhisik!
    b.     
    Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
  5. Ukara panjaluk / paminta
    Ukara panjaluk yaiku ukara pakon sing luwih alus.
    Tuladha:
    a.       Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku
    b.     
    Kula aturi midhangataken rumiyin
  6. Ukara pangarep-arep
    Ukara pangarep-arep yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep
    Tuladha:
    a.       Muga-muga Bapak mengko ngasta oleh-oleh
    b.     
    Panasa ya klambiku ben garing
  7. Ukara upama
    Ukara Upama yaiku ukara kang isine awujud apa-apa sing wis ora bisa klakon amarga wis keliwat.
    Tuladha: