Tampilkan postingan dengan label Materi SMA Kelas XI. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi SMA Kelas XI. Tampilkan semua postingan

Rabu, 08 Januari 2014

Ngandharake Opini

Opini bisa ditegesi panemu/pamanggih, pikiran, utawa pendhirian kang digunemake pawongan marang sadhengah kahanan lan kadadean. Opini iku tinulis amarga setuju utawa ora setuju marang apa kang ditulis wong liya. Komentar kang sipate ndhukung utawa nolak, luwih prayoga menawa alesan kang diwenehake dikantheni bukti/fakta, saengga wong liya kang nampa opini kasebut bisa ngerteni. Opini kang tinulis bisa arupa saran, kritik, dukungan, persetujuan, utawa muji/memuji.
Tuladha:
Sawijing candhi kang dinuga mujudake peninggalan Kraton Sriwijaya ing abad X-XIII Desa Sumay Tuo, Kecamatan Sumay, Kabupaten Telo, Jambi diweruhi wis owah dadi areal makam modheren. Candhi mau meh ora katon dinulu jalaran wujude wis ketumpukan dening makam-makam modheren. Krana wis dadi komplek kuburan, kalangan arkeolog kangelan mugar candhi kasebut kanggo dislametake. Ketua tim survei arkeologi Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Jambi, Kristanto Januardi, Selasa (19/2) mratelakake, ukurane Candhi Sumay watara 10 X 10 meter pesagi lan manggon ana lahan 1 hektar.
Kristanto nduga, krama panane ing lemah mundhung, masarakat ora ngerti yen wewangunan saka bata mau satemene klebu tinggalane sejarah. Wusanane papn kasebut didadekake papan kanggo pemakaman modheren. Ora adoh saka candhi, tim survei uga nemokake makam kuna kang winangun saka kayu sungkay utawa kayu sing wis dadi fosil watu. Kristanto ngira papan kono mujudake desa tuwa tinggalane Kerajaan Melayu Kuna apadene Sriwijaya. Keyakinan mau saya kuwat bareng ing Desa Kandang, Tebo Tengah, tim arkeologi nemokake reca Patmapani kanthi posisi sila.

Kapethik saka Panjebar Semangat, 09/2008

Opini:
Sejatine masarakat ora banjur tumindak ngono, amarga lemah kang ana ing kono dudu duweke. Sadurunge arep ngowahi papn kasebut didadekake bangunan liya, prayogane masarakat nakokake kahanan ing kono marang pehak-pehak kang ginayut. Nanging tumindake masarakat kang mangkono uga ora bisa disalahake ngono wae amarga masarakat uga kurang pana babagan ijin sawijining panggonan. Masarakat ora ngerti kepriye lakune, dheweke mung nindakake apa kang dirasa perlu ditindakake.

Maca Teks Rumpang

Teks rumpang yaiku wacan kang durung rampung ditulis, sadurunge nambahi ukara ing teks rumpang iku, amrih becike nggoleki dhisik ukara bakune saben paragraf, yaiku ukara kang dadi idhe baku utawa pikiran bakune paragraf iku. Dadi, ukara utama iku ukara kang ngandhut idhe bakune paragraf. Dene ukara liyane iku dadi ukara-ukara panerang. Sawijining teks iku duweni panunggalan teges utawa arti. Mula, teges utawa maksud utawa art bagean ngarep sawijining teks duweni sesambungan utawa koherensi karo maksud bagean teks sabanjure. Mula iku, yen salah sijine ukara iku durung rampung, wong kang maca bisa menehi tambahan supaya ukara iku ganep utawa bisa ngira-ira ukara bacutane. Kanggo ngira-ira bacutane, pamaca kudu nggatekake pananda-pananda kohesi kang gunane nyambungake ukara karo ukara, kayata:
  1. Tembung-tembung kang nuduhake (references) kaya: iki, iku, kae.
  2. Tembung-tembung kang dadi pangganti (substitution) kaya: kowe, aku, dheweke.
  3. Tembung kang dibaleni (repetition)
  4. Tembung kang diilango (elipsis)
  5. Tembung kang kanggo nyambung (conjuction) kaya: nanging, amarga, mula iku, lan sapanunggale.

Maca Cepet

Jenis maca iku maneka warna kayata maca cepet utawa, maca nyuwara, maca batin, lan maca endah.
  1. Maca banter
    Maca banter yaiku maca kanthi kedaling lathi kang nuwuhake swara.
  2. Maca endah
    Maca endah yaiku maca kanthi ngedalake lathi (swara) awewaton aturan kang gumathok. Maca endah kudu nggatekake lafal, jeda lan intonasine. Maca iku gunane kanggo ngetokake kaendahan kang diwaca umpamane kaendahan basa lan sastrane.
  3. Maca batin
    Maca batin yaiku maca kanthi meneng, tutuke ora umak-umik, ora ana swara sanajan alon. sing tumandang jroning batin.
  4. Maca cepet
    Maca cepet yaiku maca kanthi nyuwara utawa dibatin nanging wektune cepet. gunane maca cepet yaiku kanggo mangerteni isine wacana kanthi wektu kang cepet. Maca cepet iku merlokake konsentrasi lan kawigaten. Maca cepet tumrap siswa SMA kudu bisa nyakup antarane 180 nganti 250 tembung saben menit. 

Senin, 06 Januari 2014

Nulis Layang

Wong sambung gunem (komunikasi) bisa kanthi lisan uga bisa kanthi tulisan. sambung gunem sarana tulisan diarani layang. miturut wujude layang ana kaperang dadi 6 yaiku:
1. Layang ulem (undangan)
2. Layang kitir (telegram)
3. Layang lelayu (kepaten)
4. Layang iber-iber (layang pribadi)
5. Layang dhawuh (layang perintah)
6. Layang paturan (layang panyuwunan/permohonan)
Nulis layang iku sejatine gampang. Ing piwulangan iki arep ngrembug babgan layang iber-iber (surat pribadi). sadurunge nulis layang iber-iber, awake dhewe kudu ngerti dhisik perangan-perangane layang. perangan-perangan iku antarane:
  1. Titi Mangsa: yaiku nerangake dina lan wektu, nulise layang.
    Tuladhane:
    - Karanganyar, 29 September 2013
    - Sragen, Selasa Legi, 16 Juli 2013
  2. Satata Basa: yaiku alamate layang kang dituju. Bisa katulis ing dhuur dhewe sisih tengen uga ing dhuur sisih kiwa.
    Tuladhane:
    - Kagem Bapak Sutejo, Jl. Dr. Wahidin
       Sudirahusada, No. 13 Karanganyar
  3. Adangiyah: yaiku salam pambukane layang.
    Tuladhane:
    - pamuji rahayu
    - salam taklim kula sekaliyan
    - kairing sangunging  pakurmatan 
  4. Purwaka Basa: yaiku perangane layang kang surasane minangka pambuka layang. lumrahe surasane ngandhakake kahanane kang nulis layang.
    Tuladhane:
    - sesarengan serat menika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakulawarga ing mriki pinaringan bagas waras lan kailujengan.
  5. Surasa Basa: yaiku mratelakake surasa utawa isi lan kekarepan layang.
  6. Wasana Basa: yaiku perangane layang minangka atur panutuping layang.
    Tuladhane:
    - wasana cekap semanten kabar saking kula, benjang gantos dinten dipunsambung malih.
  7. Salam Panutup: yaiku salam sabubare nulis layang.
    Tuladhane:
    - Nuwun
    - Matur nuwun
  8. Peprenah: yaiku nerangake kang nulis layang.
    Tuladhane:
    - Serat saking putra
    - Nuwun ingkang putra
    - Embahmu Paidi
  9. Tapak Asma
  10. Nama Terang

Pujangga lan Anggitane

pujangga yaiku manungsa kang duwe kepinteran babgan olah sastra (sekretaris) kraton. pujangga-pujangga Jawa akeh banget. Ing piwulangan iki arep diandharake angitane para pujangga miturut perangan jamane.
  1. Jaman Hindu
    a. Resi Abiyasa    : Mahabharata basa Sansekerta
    b. Resi Walmiki    : Ramayana basa Sansekerta
    c. Empu Kanwa    : Arjunawiwaha
    d. Empu Sedhah  : Bharatayudha
    e. Empu Panuluh : Gathutkacasraya
  2. Jaman Majapahit
    a. Empu Prapanca : Negarakertagama
    b. Empu Tantular  : Arjunawijaya, Sotasoma
  3. Jaman Islam
    a. Sunan Bonang : Suluk Wujil
    b. Sunan Panggung : Suluk Malangsumirang
  4. Jaman Mataram
    a. Sultan Agung : Sastragendhing, Nitipraja
    b. Pangeran Adilangu : Babad Pajajaran, Babad Mataram
  5. Jaman Surakarta
    a. Sunan Pakubuwana III : Serat Mintaraga
    b. Sunan Pakubuwana IV : Serat Wulangreh,Serat Wulangsunu
    c. Sunan Pakubuwana V : Serat Centhini
    d. KGPAA Mangkunegara IV : Serat Wedhatama, Serat Tripama
    e. R.Ng. Yasadipura I : Serat Rama, Serat Dewa Ruci, Serat Cebolek
    f. R.Ng. Yasadipura II : Serat Sasanasunu, Serat Bima Suci
    g. R.Ng. Sindusastra : Serat Arjunasastra, Serat Loka Pala
    h. R.Ng. Ranggawarsita : Serat Paramayoga, Serat Pustakaraja Purwa, Serat Kalatidha, Serat Sabdatama.
    Sasedane R.Ng. Ranggawa

Nyemak Wawanrembug (Wawancara)

Wawancara (wawanrembug) yaiku guneman kang ditindakake antarane pewawncara lan wong kang diwawancarani (narasumber). wawanrembug ditindakake kanggo golek informasi saka pawongan kang diwawancarani. sajroning wawanrembug, pewawancara iku nemtokake bisa lancare lan orane wawanrembug kasebut. supaya anggone nindakake wawnrembug lancar mula kudu nindakake bab-bab ing ngisor iki.
  1. Nemtokake tema wawanrembug.
  2. Nemtokake tujuane wawan rembug. 
  3. Nyiapake pitakon-pitakon kanggo narasumber.
  4. Nemtokake narasumber.
  5. Gawe janji karo narasumber, wektu anggone nindakake wawanrembug.
    Susunane wawanrembug, pewawancara kudu miwiti kanthi salam, nggunakake basa kang sopan, pandelenge tumuju marang narasumber, lan mungkasi wawanrembug kanthi ngaturake maturnuwun.
    Semaken pacelathon ing ngisor iki!
    Assalamualaikum wr. wb,. Bu, punapa panjenengan gadah wektu kagem kita wawan rembug? Wawan rembug niki kagem tugas Basa Jawi. Menawi gadah, diwiwiti sak niki mawon nggih bu?
    1.  Panjenengan sade es sampun wiwit kapan?
    ·    Wangsulan      : Wiwit Taun 2010
    2.  Menapa panjenengan milih sadeyan es, punapa mboten sadeyan sanesipun?
    ·  Wangsulan      : Untungipun langkung kathah dibandengaken pakaryan ingkang dipun tindhakaken sakderengipun.
    3. Kala rumiyin, modal pinten ingkang dibetahaken kangge sadeyan es?
    ·    Wangsulan      : Modal ingkag dibetahaken 35 yuta, kanthi rincian :
      Kendaraan       : Rp. 16.000.000,00
      Outlet Poci      : Rp. 13.200.000,00
      Payung             : Rp. 1.000.000,00
      Lan liya-liyane : Rp. 4.800.000,00
    4. Barang punapa mawon ingkang dibetahaken?
    ·  Wangsulan      : gula, es, plastik, teh, termos, enthong, gelas plastik, lan liya-liyane.
    5. Sadeyan es niki, untung napa rugi?
    ·   Wangsulan      : Untung
    6. Kinten-kinten saben dinten angsal untung pinten?
    ·   Wangsulan      : Saben dinten angsal untung 30 % saking pendapatan kotor
    7.  Kala rumiyen, sadeyan es ingkang sepisan wonten ing pundi?
    ·   Wangsulan      : wonten ing SATLANTAS KARANGANYAR
    8.  Kala rumiyen, sadeyan es ingkang sepisan langsung ngangge mobil niki punapa mboten?
    ·  Wangsulan      : Langsung ngangge mobil
    9.  Panjenengan sadeyan es menika, keliling menapa netep?
    ·  Wangsulan      : Menetep
    10.  Kinten-kinten saben dinten mbetahaken benteran pinten liter?
    ·  Wangsulan      : Saben dinten kirang luwih mbetahaken benteran 60 liter
    11. Punapa harapan usaha panjenengan sak lajengipun?
    · Wangsulan      : Langkung maju, langkung berkembang lan langkung lancur
    Matur suwun sanget, nggih bu. Panjenengan sampun kersa kita wawanrembug, kita dongakaken mugi-mugi usahanipun lancar lan angsal berkah.

Sabtu, 04 Januari 2014

Ngrakit Tembang Macapat

Tembang macapat iku duwe surasa utawa makna maneka warna. Ana kang ngandhakake macapat iku maknane maca papat-papat. Karepe, pamacane tembang iku medhote patang wanda-patang wanda. Ana maneh kang negesi macapat iku asale saka tembung macapet ( maca + cepet ). Karepe, tembang kang anggone nembangake cepet, ora kakehan luk. Manawa kita arep nggawe tembang macapat, luwih dhisik kita kudu ngerti paugeran lan watake tembang macapat.
Paugerane Tembang macapat iku :

1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane
maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.
2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane
" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.
3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik
" Amenangi jaman edan " iku unine "a"
Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"

Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :

1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a
2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u
3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i
4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a
5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a
6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o
8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i
9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o
10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a


Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :

1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,
karanta-ranta.
2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.

3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.
5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita
baba asmara.
6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.
7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada
sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.
8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen
gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.
9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa
getun, nalangsa lan keranta-ranta
10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /
sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.
Sumber: http://dharmojoyogrup.blogspot.com/2011/03/ngrakit-tembang-macapat.html

Rabu, 01 Januari 2014

Pidhato

ing pasamuan mesthi ana salah siji pawongan kang kapatah sesorah (pidhato). pidhato tegese micara ing sangarepe wong akeh kanthi wewaton sing gumathok. nalika pidhato, kabeh sikap lan solah bawa kudu trapsila kanthi basa sing bener, uga gampang dimangerteni sing ngrungokake. kunci utawa resep supaya bisa kasil utawa sukses anggone pidhato kayata:
  1. pikirane ditanemake (dipustake) ana pokoke isi pidhato, aja nganti tansah mikirake awake dhewe, kekurangane lan sapiturute.
  2. obahing awak aja kakehan (over acting) nanging saperlune wae.
  3. anggepen kabeh kang rawuh iku kanca dhewe. bab iki kanggo ngurangi rasa wedi
  4. isine pidhato kudu dikuwasani. menawa perlu gawa cathetan cilik (cepak-cepak menawa lali).
  5. milih isi pidhato sing bisa narik kawigaten.
    pidhato utawa sesorah minangka salah sawijining pakaryan kang ora saben wong bisa nindakake. pakaryan iki mbutuhake ketrampilan micara. arepa mung micara nanging menwa ora kerep digladhi uga ora bisa. kanggo nggladhi amrih trampil pidhato, awake dhewe kudu gawe cengkorongan (kerangka) pidhatone dhisik, kayata ing ngisor iki.
    1. uluk salam
    2. purwaka basa (pambuka)
      a. atur pakurmatan
      b. atur puja-puji
      c. atur panuwun
    3. surasa basa (isi pidhato)
    4. wasana basa (panutup)
    5. salam panutup