- Jaman Hindu
a. Resi Abiyasa : Mahabharata basa Sansekerta
b. Resi Walmiki : Ramayana basa Sansekerta
c. Empu Kanwa : Arjunawiwaha
d. Empu Sedhah : Bharatayudha
e. Empu Panuluh : Gathutkacasraya - Jaman Majapahit
a. Empu Prapanca : Negarakertagama
b. Empu Tantular : Arjunawijaya, Sotasoma - Jaman Islam
a. Sunan Bonang : Suluk Wujil
b. Sunan Panggung : Suluk Malangsumirang - Jaman Mataram
a. Sultan Agung : Sastragendhing, Nitipraja
b. Pangeran Adilangu : Babad Pajajaran, Babad Mataram - Jaman Surakarta
a. Sunan Pakubuwana III : Serat Mintaraga
b. Sunan Pakubuwana IV : Serat Wulangreh,Serat Wulangsunu
c. Sunan Pakubuwana V : Serat Centhini
d. KGPAA Mangkunegara IV : Serat Wedhatama, Serat Tripama
e. R.Ng. Yasadipura I : Serat Rama, Serat Dewa Ruci, Serat Cebolek
f. R.Ng. Yasadipura II : Serat Sasanasunu, Serat Bima Suci
g. R.Ng. Sindusastra : Serat Arjunasastra, Serat Loka Pala
h. R.Ng. Ranggawarsita : Serat Paramayoga, Serat Pustakaraja Purwa, Serat Kalatidha, Serat Sabdatama.
Sasedane R.Ng. Ranggawa
Senin, 06 Januari 2014
Pujangga lan Anggitane
pujangga yaiku manungsa kang duwe kepinteran babgan olah sastra (sekretaris) kraton. pujangga-pujangga Jawa akeh banget. Ing piwulangan iki arep diandharake angitane para pujangga miturut perangan jamane.
Nyemak Wawanrembug (Wawancara)
Wawancara (wawanrembug) yaiku guneman kang ditindakake antarane pewawncara lan wong kang diwawancarani (narasumber). wawanrembug ditindakake kanggo golek informasi saka pawongan kang diwawancarani. sajroning wawanrembug, pewawancara iku nemtokake bisa lancare lan orane wawanrembug kasebut. supaya anggone nindakake wawnrembug lancar mula kudu nindakake bab-bab ing ngisor iki.
- Nemtokake tema wawanrembug.
- Nemtokake tujuane wawan rembug.
- Nyiapake pitakon-pitakon kanggo narasumber.
- Nemtokake narasumber.
- Gawe janji karo narasumber, wektu anggone nindakake wawanrembug.
Susunane wawanrembug, pewawancara kudu miwiti kanthi salam, nggunakake basa kang sopan, pandelenge tumuju marang narasumber, lan mungkasi wawanrembug kanthi ngaturake maturnuwun.
Semaken pacelathon ing ngisor iki!
Assalamualaikum wr. wb,. Bu, punapa panjenengan gadah wektu kagem kita wawan rembug? Wawan rembug niki kagem tugas Basa Jawi. Menawi gadah, diwiwiti sak niki mawon nggih bu?1. Panjenengan sade es sampun wiwit kapan?· Wangsulan : Wiwit Taun 20102. Menapa panjenengan milih sadeyan es, punapa mboten sadeyan sanesipun?· Wangsulan : Untungipun langkung kathah dibandengaken pakaryan ingkang dipun tindhakaken sakderengipun.3. Kala rumiyin, modal pinten ingkang dibetahaken kangge sadeyan es?· Wangsulan : Modal ingkag dibetahaken 35 yuta, kanthi rincian :Kendaraan : Rp. 16.000.000,00Outlet Poci : Rp. 13.200.000,00Payung : Rp. 1.000.000,00Lan liya-liyane : Rp. 4.800.000,004. Barang punapa mawon ingkang dibetahaken?· Wangsulan : gula, es, plastik, teh, termos, enthong, gelas plastik, lan liya-liyane.5. Sadeyan es niki, untung napa rugi?· Wangsulan : Untung6. Kinten-kinten saben dinten angsal untung pinten?· Wangsulan : Saben dinten angsal untung 30 % saking pendapatan kotor7. Kala rumiyen, sadeyan es ingkang sepisan wonten ing pundi?· Wangsulan : wonten ing SATLANTAS KARANGANYAR8. Kala rumiyen, sadeyan es ingkang sepisan langsung ngangge mobil niki punapa mboten?· Wangsulan : Langsung ngangge mobil9. Panjenengan sadeyan es menika, keliling menapa netep?· Wangsulan : Menetep10. Kinten-kinten saben dinten mbetahaken benteran pinten liter?· Wangsulan : Saben dinten kirang luwih mbetahaken benteran 60 liter11. Punapa harapan usaha panjenengan sak lajengipun?· Wangsulan : Langkung maju, langkung berkembang lan langkung lancurMatur suwun sanget, nggih bu. Panjenengan sampun kersa kita wawanrembug, kita dongakaken mugi-mugi usahanipun lancar lan angsal berkah.
Sabtu, 04 Januari 2014
Ngrakit Tembang Macapat
Tembang macapat iku duwe surasa utawa makna maneka warna. Ana kang
ngandhakake macapat iku maknane maca papat-papat. Karepe, pamacane
tembang iku medhote patang wanda-patang wanda. Ana maneh kang negesi
macapat iku asale saka tembung macapet ( maca + cepet ). Karepe,
tembang kang anggone nembangake cepet, ora kakehan luk. Manawa kita
arep nggawe tembang macapat, luwih dhisik kita kudu ngerti paugeran lan
watake tembang macapat.
Paugerane Tembang macapat iku :
1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane
maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.
2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane
" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.
3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik
" Amenangi jaman edan " iku unine "a"
Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"
Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :
1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a
2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u
3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i
4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a
5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a
6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o
8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i
9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o
10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a
Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :
1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,
karanta-ranta.
2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.
3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.
5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita
baba asmara.
6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.
7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada
sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.
8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen
gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.
9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa
getun, nalangsa lan keranta-ranta
10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /
sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.
Paugerane Tembang macapat iku :
1. Guru Gatra : Cacahe gatra ( larik / Baris ) saben sapada ( sa-bait ) tuladhane
maskumambang iku ana 4 gatra / larik/ baris.
2. Guru Wilangan : cacahe wanda ( uni / suku kata ) saben sagatra/ salarik. Tuladhane
" Amenangi jaman edan" iku ana 8 dadi guru wilangane ana 8.
3. Guru lagu : Dhong-dhinge swara/swara aksara swara/ vokal ing pungkasane gatra/ larik
" Amenangi jaman edan " iku unine "a"
Dadi yen digathukake " Amenangi jaman edan " iku guru wilangan lan guru lagune "8a"
Ing ngisor iki Paugeran yen arep ngrakit tembang macapat, manut jinise tembang macapat :
1. Maskumambang : 12 i 6 a 8 i 8 a
2. Mijil : 10 i 6 o 10 e 6 i 8 u
3. Kinanthi : 8 u 8 i 8 a 8 i 8 a 8 i
4. Sinom : 8 a 8 i 8 a 8 i 7 i 8 u 7 a 8 i 12 a
5. Asmarandana : 8 a 8 i 8 e / 8 o 8 a 7 a 8 u 8 a
6. Dhandhanggula: 12i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
7. Gambuh : 7 u 10 u 7 i 8 u 8 o
8. Pangkur : 8 a 11 i 8 u 7 a 12 u 8 a 8 i
9. Megatruh : 12 u 8 i 8 u 8 I 8 o
10.Pocung : 12 u 6 a 8 i 12 a
Banjur kudu ngerti watak wantune tembang macapat :
1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-ngeresi, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih, nelangsa,
karanta-ranta.
2. Mijil Prihatin. Mathuk kanggo carita pitutur, lan gandrung.
3. Kinanthi Seneng, asih, tresna, mathuk kanggo mulang muruk kang ngemu rasa katresnan.
4. Sinom Grapyak, ethes, mathuk kanggo sesorah, crita kang isi pitutur.
5. Asmarandana Sedhih, prihatin merga nandhang asmara, mathuk kanggo crita sedhih lan crita
baba asmara.
6. Dhandhanggula Ngresepake, luwes, mathuk kanggo medhar crita bab apa wae.
7. Gambuh Sumanak, sumadulur, wanuh – wani, mathuk kanggo medharake bab kanthi rada
sereng, bisa nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kemraket / akrap.
8. Pangkur Sereng, nesu sajak gregeden. Kanggo medhar pitutur kang semu gregeden, yen
gandrung ya gandrung sing sereng, uga kanggo panantang ing paprangan.
9. Megatruh Trenyuh, melas, sedhih, nglokro ( putus asa ), mathuk kanggo medharake rasa
getun, nalangsa lan keranta-ranta
10.Pocung Kendho, tanpa greged, sakepenake, mathuk kanggo crita kang isine sakepenake /
sakarepe wae, tanpa kamempengan. Bisa uga isi pitutur.
Rabu, 01 Januari 2014
Pidhato
ing pasamuan mesthi ana salah siji pawongan kang kapatah sesorah (pidhato). pidhato tegese micara ing sangarepe wong akeh kanthi wewaton sing gumathok. nalika pidhato, kabeh sikap lan solah bawa kudu trapsila kanthi basa sing bener, uga gampang dimangerteni sing ngrungokake. kunci utawa resep supaya bisa kasil utawa sukses anggone pidhato kayata:
- pikirane ditanemake (dipustake) ana pokoke isi pidhato, aja nganti tansah mikirake awake dhewe, kekurangane lan sapiturute.
- obahing awak aja kakehan (over acting) nanging saperlune wae.
- anggepen kabeh kang rawuh iku kanca dhewe. bab iki kanggo ngurangi rasa wedi
- isine pidhato kudu dikuwasani. menawa perlu gawa cathetan cilik (cepak-cepak menawa lali).
- milih isi pidhato sing bisa narik kawigaten.
pidhato utawa sesorah minangka salah sawijining pakaryan kang ora saben wong bisa nindakake. pakaryan iki mbutuhake ketrampilan micara. arepa mung micara nanging menwa ora kerep digladhi uga ora bisa. kanggo nggladhi amrih trampil pidhato, awake dhewe kudu gawe cengkorongan (kerangka) pidhatone dhisik, kayata ing ngisor iki.- uluk salam
- purwaka basa (pambuka)
a. atur pakurmatan
b. atur puja-puji
c. atur panuwun - surasa basa (isi pidhato)
- wasana basa (panutup)
- salam panutup
Nyemak Crita Wayang
crita wayang minangka wujud kabudayan Jawa kang adiluhung. Ing crita wayang mau bisa ditonton watak saben paragane. ana kang duweni watak angkara, ananging ana uga kang duweni watak satriya. kabeh mau sejatine minangka gegambaran manungsa ing alam donya iki. tumrap bocah saiki sing jenenge wayang mujudake barang kang "aneh". bocah-bocah wis ora ngerti kepriye critane, sapa wae paragane, apa maneh njipuk piwulange. adohe bocah Jawa saka kabudayane amarga anane arus globalisasi kang ora bisa diselaki. nanging kabeh mau bisa diwekani menawa saben kulawarga Jawa menehi piwulang budi pekerti marang para putra lan putrine.
Semaken crita wayang ing ngisor iki!
Semaken crita wayang ing ngisor iki!
Lairipun Raden
Gathotkaca
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit
puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun
ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung
penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden
Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri
Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna
lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos
kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden
Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun
pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging
Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget.
Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna
lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna.
Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun
kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
“Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan
iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang
pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara
Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi.
Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing
pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng
Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe,
heeee!”
Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng
sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora
maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku
ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa
warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat
kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga
ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah
kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang
jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking
kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan
jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi
malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen
numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala
Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan
Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah
patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar
mawur.
Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca
lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama
lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para
Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana
andrawina.
Cerkak
Cerkak utawa crita cekak iku gancaran kang ngnadharake sarining kadadean saka wiwitan tekan pungkasan, dadi mung isi andharan sakeplasan wae tumrap sing dadi jejering crita. kang dadi jalaran lan kadadeaning lelakon ora dicritakake jero-jero, mung cekak wae. titikane crita cekak yaiku critane ringkes, isine mung ngandharake lelakone manungsa, sarta ala lan becik wewatakane kanthi pangangkah kanggo tepa tuladha utawa piwulang tumrap pawongan kang maca.
wacanen tuladha cerkak ing ngisor iki!
wacanen tuladha cerkak ing ngisor iki!
JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung
Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono
wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko
Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude
Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho
banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi
jagongan karo Pak Burhan.
“Ana
apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha
Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa
kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang
Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah
lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu
aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu
karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk
pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak
ketinggalan sepur mengko!”.
Joko
Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex
menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000
lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe
pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit
amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo
Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep
menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur,
saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan
bedha.
Bubar
enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko
Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur.
Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe
karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha
karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane
sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen
dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging
Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti
Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho
kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha
kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi,
aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar ,
pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara
Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging
sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe
jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki,
kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas
darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang
branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure
menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha
wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar
sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe
Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?.
Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane
Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti
polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”.
“Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku
dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun
Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha
rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis
kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki
mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung
siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo
Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500
meter wis teka ana Malioboro.
Teka
Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane
toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo
klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru.
Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe
kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak
kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id
tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi
aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah…
nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng
mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar
Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan
ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking
kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek
mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga.
Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu.
Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh.
Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko
Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.
Karangan Narasi, Deskripsi, Eksposisi, Argumentasi lan Persuasi
A. WACAN NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Tuladhane ;
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
"Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå isíh kuliah...rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan pêgawé.
Dinå kang ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh.... Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman.... Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Tanpå kélangan dhuwit.... Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN.... Lha wóng dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå waé ngingóni wóng lémpóh.... Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêré Parjó.... blóng.... ora ånå. Taún kapíng loro yå hasilé pådå waé.... Taún kapíng têlu, papat, limå.... Sami mawón.... Mupús.
Rikålå ngancík taún kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wís ngancík jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
"Ééé.... Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak," Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå mampir nèng omahé.
"Kowé gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh. Níng kåyå biasané. Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!" sêmauré Parimín karo ngangkat jêmpól.
"Têrús pira?" Parjó nyaút kanti cêkak.
"Sak iki pasarané têkan séwidak!"
Blaik.... Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi yå dhuwít kabèh?!" Parjo sêmaúr karo njêgègès.
"Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan," Parimín sajak anyêl.
"Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?" pitakoné Parjó kåyå udan.
"Ora mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. Umpåmå nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis kêtampå... pinångkå ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!"
"Kuwi alias ya mbayar.... Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!" Parjó nyaút gunémané Parimín.
"Ya! sak karêpmu síng ngarani!" Parimín rådå anyêl.
Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp fantastik kanggoné Parjó. Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané Parimín.
Wis têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé pårå guru síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng pêngabdian lan umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó ditêtêpaké ditåmpå dadi CPNS. Nangíng ora ngêrti åpå mêrgå bantuan åpå mêrgå liyané, amargå rikålå kabèh kåncå-kancané sak angkatan ditakóni ora ånå síng nganggo dhuwít babar blas.
Parjó kêtampa kanthi råså sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå susah. Sênêngé mêrgå síng diidham-idhamaké pitúng tahún wís kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang tanggané síng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók warisan såkå mårå tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. Nangíng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
"Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora dioyak-oyak utang." Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikålå ånå wartå ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå oknum PNS nåmpå sógókan ditangkêp polisi amargå apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå såkå dhèwèké.
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh.... Ngalamún waé!" Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
"Éh.... iyå... iyå..., lho kók yah méné wís mulíh, Sar?" Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
"Anu Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
"Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?"
"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.
::Déning: P Dasihanto FD::
Sumber : Jagad Jawa - Solopos
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.
B. WACAN DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Museum Diponegoro
Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Keterangan :
Wacana di atas menggambarkan tentang barang-barabg milik pangeran Diponegara yang disimpan di Museum Diponegara, barang yang disimpan antara lain : baju yang tingginya 1,57 meter dan lebarnya 1,35 meter, yang terbuat dari kain Santhung, serta terdapat kitab Tharib, balai untuk sholat, 7 cangkir, dan masih banyak yang lainnya.
C. WACANA EKSPOSISI (NYERITAKAKE PROSES)
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana elsposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladha
Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: wacana diatas merupakan ekposisi dapat dilihat dari adanya penjeklasan yang merupakan kata kunci dari wacana eksposisi. Paragraf diatas menjelaskan tentang upacara mendhem ari-ari disitu dijelaskan tentang makna istilah mendhem ari-ari dan juga tata urutan upacara. Dijelaskan pula simbol-simbol yang ada dalam upacara adat tersebut.
GolèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: paragraf diatas termasuk wacana ekposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan juga jenisnya.
D. WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladha :
BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.
E. WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.
Langganan:
Postingan (Atom)