Sabtu, 16 November 2013

Arane Anak Kewan


anak ampal      : embung
anak angrang   : kroto
anak asu          : kirik
anak pitik        : kuthuk
anak babi         : gembluk
anak bandeng  : nener
anak bantheng : wareng
anak banyak    : blengur
anak baya        : rete
anak bebek      : meri
anak bethik      : menter
anak blanak     : sendha
anak brati        : tongki
anak budheng : kowe
anak bulus       : ketul
anak cacing     : lur
anak cecak       : sawiyah
anak celeng     : genjik
anak coro         : mendhet
anak dara         : piyik
anak dhorang  : tamper
anak emprit     : indhil
anak gagak      : engkak
anak gajah       : bledug
anak gangsir    : clondho
anak garangan: rase
anak garengpung: drungkuk
anak gemak     : drigul
anak glathik     : cecrekan
anak gundhik  : laron/rayap
anak iwak        : beyong
anak jangkrik : gendholo
anak jaran        : belo
anak kadhal     : tobil
anak kakap      : caplak
anak kalajengking : ketupa
anak kancil      : kenthi
anak kebo        : gudel
anak kecapung : jenthit
anak kemangga : ceriwi
anak kepik       : mreki
anak kidang     : kompreng
anak kimar       : kedah
anak kinjeng    : senggutru
anak kinjeng dom : undur-undur
anak kintel       : kentus
anak kethek     : munyuk/kenyung
anak kodhok   : precil
anak kombang : engkuk
anak konang    : endrak
anak kremi       : racek
anak kucing     : cemeng
anak kul/keyong : krikik
anak kupu        : uler
anak kura         : laos
anak kuthuk    : kotesan
anak kwangwung : gendhot
anak laler         : set/singgat
anak lamuk      : jenthik
anak lawa        : kampret
anak lele          : jabrisan
anak lemut       : uget-uget
anak lintah       : pacet
anak lisang      : beles
anak lodan       : jengkelong
anak lutung     : kenyung
anak luwak      : kuwuk
anak luwing     : gonggo
anak macan     : gogor
anak manuk     : piyik
anak menjangan : kompreng
anak menthok  : minthi
anak merak      : uncung
anak nyamblik : slira
anak pe            : genyong
anak pleting     : jaringan
anak sapi         : pedhet
anak sembilang: lenger
anak singa       : dibal
anak tambra     : bokol
anak tawon      : gana
anak tekek       : celolo
anak tikus        : cindhil
anak tongkol   : cengkik
anak tumo       : kor
anak ula           : kisi/ucet
anak urang       : grago
anak wader      : sriwat
anak wagal      : jendhil
anak walang    : dhogol
anak warak      : plenging
anak wedhus   : cempe
anak welut       : udhet
anak yuyu        : beyes

Sumber: Pepak Basa Jawa

Jumat, 15 November 2013

TANDHA MATA

senadyan ta ora mingsra
tandha mata sing taktampa
senadyan amung sepele
ngelingake kabeh lelabete

kaya rembulan lumaku
kang madhangi wanci dalu
kaya tumetesing banyu
ngadhemake kangene atiku

kae tandha mata
mratandhani ati tresna
nadyan nate gawe gela
ning nyatane mung katon neng netra

taksimpen ana kamarku
dadi sulih sliramu
taksimpen ana atiku
liya wektu bakale ketemu.


Sumber:  https://www.facebook.com/basajawa?fref=ts

Jumat, 08 November 2013

UDAN WAYAH SORE


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti

ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pegarep-arep

dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar

 lan manuk kepodang colat colot ana ing wit gedhang

tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung

tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis

marakake gawe kekesing ati

manuk kepodang wus mabur mangulon

nanging tetep tak tunggu tekamu


Dening: Ika Dewi Anggrayni

Sabtu, 26 Oktober 2013

PARIBASAN lan BEBASAN

Tumrap wong sing ora ngerti, paribasan lan bebasan iku dianggep padha, ing mangka ana bedane.
Paribasan, yaiku > tetembungan gumathok, ajeg panganggone kanthi tegese wantah. Gumathok tegese 'tertentu', ora kena diowah tembunge. Tembung wantah = tembung lugas = tembung salugune ( dudu tembung sanepan utawa kiasan ).
Conto paribasan :

(1) Adhang-adhang tetesing ebun.
Tegese : Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
Ebun iku tembung wantah ( dudu ebun tembung sanepan ), ebun ora mesthi yen tumetes, dadi ora kena dijagakake.

(2) Ana dina ana upa.
Tegese : Wong sing ora nguwatirake pangan.
Upa iku tembung wantah (dudu upa tembung sanepan ) nanging upa temenan aliyas sega.

Bebasan, yaiku, tetembungan gumathok, ajeg panganggone mawa surasa pepindhan kanggo madhakake.
Conto bebasan :

(1) Anak-anak timun.
Tegese : Ngepek anake liyan ,bareng wis gedhe banjur dialap bojo.
Tembung 'timun' ing kene, tembung sanepan (kiasan) kanggo sanepane anake liyan sing diepek iku. Diepek bojo padha karo 'timun' iku dipangan.
Jlentrehe : Bocah wadon cilik seneng dolanan anak-anakan, digendhong slendhang. Sing sok dienggo anak-anakan iku timun. Biyasane, yen enggone dolanan wis bosen, timune terus diipangan. Ya saka iku banjur ana tembung bebasan kaya mengkono > Anak-anak timun.
Wong lanang, senajan wis duwe bojo, yen mupu anake wong wiwit cilik, bareng gedhe terus 'diemplok dhewe ' iku arane ya > Anak-anak timun.

(2) Baladewa ilang gapite.
Tegese : Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.
Tokoh wayang kulit Baladewa , ratu Mandura, dedege gedhe dhuwur, gagah prakasa , watake keras gampang muntap yen tersinggung ( temperamental ). Nanging yen wayang Baladewa iku ilang gapite, wis mesthi nglumruk kaya ora duwe daya.
Baladewa nglumrpuk ilang gapite iku sanepane wong kelangan kekuwatan. Sing aran kekuwatan bisa nduweni teges sing omber (luas). Kena uga kanggo ngarani wong kang kuwat merga duwe jabatan dhuwur, dadi panguwasa . Nanging bareng pensiyun, ilang kuwasane, nglimpruk kelangan daya kaya Baladewa ilang gapite.
TEPA SLIRA

Akeh tetembungan Jawa sing metes kena kanggo ngasah rasa, nggegulang jiwa kanggo sanguning urip ing satengahe bebrayan. Tembung utawa ukarane ora mesthi dawa, akeh uga sing tembunge cekak kayadene tembung TEPA SLIRA sing mung rong tembung. Senajan cekak nanging aos, mentes, isi piwulang becik.

Tepa slira saka tembung TEPA lan SLIRA.
Tepa tegese, apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan utawa dhiri pribadi ( awake dhewe ).
Tepa slira, tegese, samubarang tumindak diukur, ditepakake ing awake dhewe. Yen awake dhewe emoh diapusi, ya aja ngapusi wong. Yen awake dicethot krasa lara, ya aja nyethot uwong. Yen ing ati lara disepelake uwong, ya aja nyepelekake uwong.

Wong yen tansah bisa tepa slira ing sabarang tumindake, wis mesthi akeh slamate lan bakal diasihi dening bebrayan saka enggone kanggonan budi utawa. Embah - embahe wong Jawa wis padha paugeran saka piwulange nenek-moyange wujud ukara mengkono kuwi kanggo ngukur ala lan becik.
Wong bisa ngecakake tepa slira saka manut pituduhe swaraning atine awit swara ati iku ing salawas-lawase tansah ngajak ing dalaning bebener. Swara ati utawa swara kalbu iku ora nate goroh lan tansah elik-elik yen wong mau arep tumindak luput. Sadurunge wong colong jupuk,umpamane, wis mesthi atine wis elik-elik ing sadurunge yen nyolong iku ora becik, aja dibacutake. Dene kok akeh wong sing nerak-nerak seneng ngumbar hawa napsu ing tumindak kleru , iku saka budheging kupinge sing ora gelem ngrungoake swaraning atie. Ora bakal wong bisa tepa slira yen ora gelem nggugu swaraning atine? 


Sumber: https://www.facebook.com/basajawa?fref=ts

Jumat, 11 Oktober 2013

EJAAN BASA JAWA

Tulisan Latin basa Jawa nggunakake saka aksara Jawa > Ha , Na, Ca, Ra, Ka , Da , Ta, Sa , Wa, La , Pa, Dha , Ja , Ya, Nya , Ma , Ga , Ba , Tha , Nga.

Ing aksara Jawa ana Ta (T) lan Tha (Th)
Uga ana Da ( D ) lan Dha (Dh).

Dene bahasa Indonesia nggunakake aksara Latin ABCD..,lst. Ing ABCD...,sing ana D lan T ( ora ana Dh lan Th kaya ing aksara Jawa ).

Tembung sing nganggo 't' kayata > tape ; turu ; tikus ; getun ; katon ; manten ; ketan ; pantun ...lan liya-liyane.

Tembung sing nulise nganggo aksara 'th' kayata > penthol ; penthul ; thuthuk ; onthel ; mlenthung ; mlenthing ; penthung ; bathang...,lan liya-liyane. ( Tembung-tembung iki yen diucapake, lambe rada nyoro lan rasane ilat kaya nyanthol ing mburine untu ndhuwur).

Dadi, gampange rembung, tembung sing arep ditulis iku diucapake luwih dhisik, yen ilat rasane kaya nyanthol, wis mesthi 'th' utawa 'dh'. Coba panjengan ucapake tembung PUTU lan PUTHU, ana bedane rasane ilat. Putu = cucu. Puthu = arane panganan. Uga tembung TUTUK lan THUTHUK, beda nulise. Tutuk ( kramane cangkem). Thuthuk = pukul (bhs Ind).

Tembung sing nulise nganggo 'dh' kayata > dhudhuk ; dhalang; dhisik ; dhokar ; pedhal ; kadhal ; madhul-madhul ; mandhor ; wedhus lan liya-liyane.

WEDI lan WEDHI, beda nulise. Wedi = takut. Wedhi = pasir. ( Tembung wedi yen diucapake, rasane ilat ya kaya nyanthol, kaya ngucapake tembung sing nulise nganggo 'th' kaya kang wis disebutake iing ndhuwur ).

Tembung nulise mung nganggo 'd' ( ora dh ) kayata > dalan ; dudu ; adus ; suda ; wedi ; padu lan sapanunggalane.

Cathetan :
Pasinaon kanthi adhep-adhepan ( tatap muka) gampang pangertene. Beda karo yen kanthi tulisan mengkene iki, kudu bisa mahami tulisan kanthi cara tlaten, dirasak-rasakake. Sepisan maneh, tembung sing yen diucapake, ilat kaya nyanthol, wis mesthi nulise 'th' utawa 'dh'.
Merga ing ABCD anane mung 'D' , ejaan kanggo bahasa Indonesia, nulise > dalang ; kadal ; banjir bandang ; berandal ; penduduk ; demokrasi. Iku nyen ditulis ing basa Jawa > dhalang ; kadhal ; banjir bandhang ; berandhal ; pendhudhuk ; dhemokrasi.