Teks rumpang yaiku wacan kang durung rampung ditulis, sadurunge nambahi ukara ing teks rumpang iku, amrih becike nggoleki dhisik ukara bakune saben paragraf, yaiku ukara kang dadi idhe baku utawa pikiran bakune paragraf iku. Dadi, ukara utama iku ukara kang ngandhut idhe bakune paragraf. Dene ukara liyane iku dadi ukara-ukara panerang. Sawijining teks iku duweni panunggalan teges utawa arti. Mula, teges utawa maksud utawa art bagean ngarep sawijining teks duweni sesambungan utawa koherensi karo maksud bagean teks sabanjure. Mula iku, yen salah sijine ukara iku durung rampung, wong kang maca bisa menehi tambahan supaya ukara iku ganep utawa bisa ngira-ira ukara bacutane. Kanggo ngira-ira bacutane, pamaca kudu nggatekake pananda-pananda kohesi kang gunane nyambungake ukara karo ukara, kayata:
- Tembung-tembung kang nuduhake (references) kaya: iki, iku, kae.
- Tembung-tembung kang dadi pangganti (substitution) kaya: kowe, aku, dheweke.
- Tembung kang dibaleni (repetition)
- Tembung kang diilango (elipsis)
- Tembung kang kanggo nyambung (conjuction) kaya: nanging, amarga, mula iku, lan sapanunggale.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar