Sabtu, 26 Oktober 2013

PARIBASAN lan BEBASAN

Tumrap wong sing ora ngerti, paribasan lan bebasan iku dianggep padha, ing mangka ana bedane.
Paribasan, yaiku > tetembungan gumathok, ajeg panganggone kanthi tegese wantah. Gumathok tegese 'tertentu', ora kena diowah tembunge. Tembung wantah = tembung lugas = tembung salugune ( dudu tembung sanepan utawa kiasan ).
Conto paribasan :

(1) Adhang-adhang tetesing ebun.
Tegese : Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
Ebun iku tembung wantah ( dudu ebun tembung sanepan ), ebun ora mesthi yen tumetes, dadi ora kena dijagakake.

(2) Ana dina ana upa.
Tegese : Wong sing ora nguwatirake pangan.
Upa iku tembung wantah (dudu upa tembung sanepan ) nanging upa temenan aliyas sega.

Bebasan, yaiku, tetembungan gumathok, ajeg panganggone mawa surasa pepindhan kanggo madhakake.
Conto bebasan :

(1) Anak-anak timun.
Tegese : Ngepek anake liyan ,bareng wis gedhe banjur dialap bojo.
Tembung 'timun' ing kene, tembung sanepan (kiasan) kanggo sanepane anake liyan sing diepek iku. Diepek bojo padha karo 'timun' iku dipangan.
Jlentrehe : Bocah wadon cilik seneng dolanan anak-anakan, digendhong slendhang. Sing sok dienggo anak-anakan iku timun. Biyasane, yen enggone dolanan wis bosen, timune terus diipangan. Ya saka iku banjur ana tembung bebasan kaya mengkono > Anak-anak timun.
Wong lanang, senajan wis duwe bojo, yen mupu anake wong wiwit cilik, bareng gedhe terus 'diemplok dhewe ' iku arane ya > Anak-anak timun.

(2) Baladewa ilang gapite.
Tegese : Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.
Tokoh wayang kulit Baladewa , ratu Mandura, dedege gedhe dhuwur, gagah prakasa , watake keras gampang muntap yen tersinggung ( temperamental ). Nanging yen wayang Baladewa iku ilang gapite, wis mesthi nglumruk kaya ora duwe daya.
Baladewa nglumrpuk ilang gapite iku sanepane wong kelangan kekuwatan. Sing aran kekuwatan bisa nduweni teges sing omber (luas). Kena uga kanggo ngarani wong kang kuwat merga duwe jabatan dhuwur, dadi panguwasa . Nanging bareng pensiyun, ilang kuwasane, nglimpruk kelangan daya kaya Baladewa ilang gapite.
TEPA SLIRA

Akeh tetembungan Jawa sing metes kena kanggo ngasah rasa, nggegulang jiwa kanggo sanguning urip ing satengahe bebrayan. Tembung utawa ukarane ora mesthi dawa, akeh uga sing tembunge cekak kayadene tembung TEPA SLIRA sing mung rong tembung. Senajan cekak nanging aos, mentes, isi piwulang becik.

Tepa slira saka tembung TEPA lan SLIRA.
Tepa tegese, apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan utawa dhiri pribadi ( awake dhewe ).
Tepa slira, tegese, samubarang tumindak diukur, ditepakake ing awake dhewe. Yen awake dhewe emoh diapusi, ya aja ngapusi wong. Yen awake dicethot krasa lara, ya aja nyethot uwong. Yen ing ati lara disepelake uwong, ya aja nyepelekake uwong.

Wong yen tansah bisa tepa slira ing sabarang tumindake, wis mesthi akeh slamate lan bakal diasihi dening bebrayan saka enggone kanggonan budi utawa. Embah - embahe wong Jawa wis padha paugeran saka piwulange nenek-moyange wujud ukara mengkono kuwi kanggo ngukur ala lan becik.
Wong bisa ngecakake tepa slira saka manut pituduhe swaraning atine awit swara ati iku ing salawas-lawase tansah ngajak ing dalaning bebener. Swara ati utawa swara kalbu iku ora nate goroh lan tansah elik-elik yen wong mau arep tumindak luput. Sadurunge wong colong jupuk,umpamane, wis mesthi atine wis elik-elik ing sadurunge yen nyolong iku ora becik, aja dibacutake. Dene kok akeh wong sing nerak-nerak seneng ngumbar hawa napsu ing tumindak kleru , iku saka budheging kupinge sing ora gelem ngrungoake swaraning atie. Ora bakal wong bisa tepa slira yen ora gelem nggugu swaraning atine? 


Sumber: https://www.facebook.com/basajawa?fref=ts

Jumat, 11 Oktober 2013

EJAAN BASA JAWA

Tulisan Latin basa Jawa nggunakake saka aksara Jawa > Ha , Na, Ca, Ra, Ka , Da , Ta, Sa , Wa, La , Pa, Dha , Ja , Ya, Nya , Ma , Ga , Ba , Tha , Nga.

Ing aksara Jawa ana Ta (T) lan Tha (Th)
Uga ana Da ( D ) lan Dha (Dh).

Dene bahasa Indonesia nggunakake aksara Latin ABCD..,lst. Ing ABCD...,sing ana D lan T ( ora ana Dh lan Th kaya ing aksara Jawa ).

Tembung sing nganggo 't' kayata > tape ; turu ; tikus ; getun ; katon ; manten ; ketan ; pantun ...lan liya-liyane.

Tembung sing nulise nganggo aksara 'th' kayata > penthol ; penthul ; thuthuk ; onthel ; mlenthung ; mlenthing ; penthung ; bathang...,lan liya-liyane. ( Tembung-tembung iki yen diucapake, lambe rada nyoro lan rasane ilat kaya nyanthol ing mburine untu ndhuwur).

Dadi, gampange rembung, tembung sing arep ditulis iku diucapake luwih dhisik, yen ilat rasane kaya nyanthol, wis mesthi 'th' utawa 'dh'. Coba panjengan ucapake tembung PUTU lan PUTHU, ana bedane rasane ilat. Putu = cucu. Puthu = arane panganan. Uga tembung TUTUK lan THUTHUK, beda nulise. Tutuk ( kramane cangkem). Thuthuk = pukul (bhs Ind).

Tembung sing nulise nganggo 'dh' kayata > dhudhuk ; dhalang; dhisik ; dhokar ; pedhal ; kadhal ; madhul-madhul ; mandhor ; wedhus lan liya-liyane.

WEDI lan WEDHI, beda nulise. Wedi = takut. Wedhi = pasir. ( Tembung wedi yen diucapake, rasane ilat ya kaya nyanthol, kaya ngucapake tembung sing nulise nganggo 'th' kaya kang wis disebutake iing ndhuwur ).

Tembung nulise mung nganggo 'd' ( ora dh ) kayata > dalan ; dudu ; adus ; suda ; wedi ; padu lan sapanunggalane.

Cathetan :
Pasinaon kanthi adhep-adhepan ( tatap muka) gampang pangertene. Beda karo yen kanthi tulisan mengkene iki, kudu bisa mahami tulisan kanthi cara tlaten, dirasak-rasakake. Sepisan maneh, tembung sing yen diucapake, ilat kaya nyanthol, wis mesthi nulise 'th' utawa 'dh'.
Merga ing ABCD anane mung 'D' , ejaan kanggo bahasa Indonesia, nulise > dalang ; kadal ; banjir bandang ; berandal ; penduduk ; demokrasi. Iku nyen ditulis ing basa Jawa > dhalang ; kadhal ; banjir bandhang ; berandhal ; pendhudhuk ; dhemokrasi.