Rabu, 25 Desember 2013

PANYANDRA



Tuladha:

  1. Candrane peranganing awak:
    a. Gulune ngelung gadhung.
    b. Bangkeane nawon kemit
    c. wadane melok lir wulan purnama.
    d. Imba njlarit nanggal sepisan.
    e. Netra lir baskara kembar.
  2. Candrane solah bawa:
    a. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
    b. Untabing wadya bala kaya gabah den interi.
    c. Kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang.
    d. Tandhange kaya bantheng ketaton.
    e. Anjenger kaya tugu sinukarta.
  3. Candrane satriya:
    Raden Gathotkaca iku satriya sekti mandraguna, otot kawat balung wesi sungsum gegala, kulit tembaga, daging kencana, driji gunting sikut palu, dhengkul paron, pupu meriem ngangem caping basunanda, kotang antakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa sothang bisa mabur tanpa elar.
  4. candrane wong nesu:
    a. Talingan lir sinebit.
    b. Jaja mengkap bang mawinga-winga.
    c. Angga mubal dahana.
    d. Netra andik angatirah.
    e. Waja gathik.
  5. Candrane wong nginum:
    a. Eka padma sari : raine katon abang
    b. Dwi amartani : rasa ing endi-endi
    c. Tri kawula busana : rasa sumuk klambi dibukak
    d. Catur wanara rukem : kaya kethek kabotan woh-wohan (dleming)
    e. Panca surya panggah : atine ora krasa wedi
    f. Sad guna weweka : ana wong apik dianggep awake
    g. Sapta kukila warsa : kaya manuk kadhemen
    h. Hasta sacara-cara : polah petingkahe ora semangat
    i. Nawa gra lupa : awak kanthi lesu tanpa daya
    j. Dasa yaksa wangke : kaya buta mati

2 komentar: