Sabtu, 28 Desember 2013

Nyritakake Pengalaman Marang Liyan

Crita mujudake pagaweyan kang katone gampang, nanging akeh uga pawongan kang angel nalika arep nyritakake apa kang dadi uneg-uneg lan pengalaman kang wis tau dialami. nyritakake ngenani pangalaman pancen kalamangsa bisa gawe wong kang ngrungokake bisa melu seneng, bisa uga sedih malah bisa uga ngguyu.
crita pengalaman bisa kaperang kayata yaiku:
  1. Crita pengalaman seneng
  2. Crita pengalaman sedhih
  3. Crita pengalaman lucu
  4. Crita pengalaman pribadi
    Ing ngisor iki tuladha crita pengalaman:
    1) Dhateng Pelabuhan Semarang
                Pinuju dinten libur kula sakanca dipun irid Bapak Guru karyawisata dhateng pelabuhan Semarang, seneng-seneng ngiras pados indhaking seserepan. Kanca kula klas sekawan sedaya wonten lare kawan dasa. Dados, cekap ngangge bis satunggal, dipun irid Bapak Guru saha Bapak Kepala Sekolah.
                Jam pitu enjing kula sakanca bidhal saking Ponorogo. Lampahipun bis ingkang kula tumpaki bablas tanpa mawi kendel-kendel. Pamrihipunm supados dumuginipun ing pelabuhan dereng benter sanget. Ing samargi-margi kula sakanca sakalangkung seneng nyawang endahing sesawangan ing sakiwa tengening margi. Dumugi ing Tuntang, kitha alit ing saelering kitha Slatiga, ing sisih kiwaning margi ketingal Rawa Pening, toyanipun lerab-lerab katut ing suilirng angin, ketingal negsemaken.
                Watawis pukul sanga bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing pelabuhan Semarang. Ing ngriku kula sumerep kapal alit-alit katha sanget, sami momot kajeng. Baita punika sami labuh ing sungapaning lepen. Kapal ingkang ageng boten saged labuh wonten ing ngriku, jalaran ing ngriku toyanipun cethek saha papanipun rupeg sanget. Kapal ingkang ageng sami labuh wonten ing papan sanes, tebih saking gisiking seganten, ing panggenan ingkang toyanipun lebet. Saking panggenan labuhipun baita-baita ageng ngantos dumugi ing gisiking segangen wonten margi panjang, wiyaripun watawis kali meter. Kejawi baita barang, ing sakiwa-tengenipun margi punika ugi katha baita alit-alit sami kendel. Baita punika dipun sewakaken dhateng umum ingkang kepengin badhe praon. Saking ngriku ugi ketingal wonten baita layar alit-alit pating krampul wonten ing satengahing seganten. Baita punika baitanipun para juru misaya mina, ingkang sami badhe wangsung ndharat.
                Pukul tiga siyang kula tata-tata badhe wangsul. Kangge angsal-angsal Bapak-ibu saha Adhik-adhik ing griya, kula tumbas ulam seganten lan rempeyek urang.
    2) Dhateng Kebun Binatang
                Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.
                Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.
                Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
                Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.
                Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.
                Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
                Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar