Bima meguru marang pendeta
Durna. Dheweke dikongkon golek banyu sing bisa nyucekake dheweke. Bima lunga menyang
Ngamarta. Ngandani lan pamitan marang sedulure. Yudhistira dijaluk katelu adine
supaya ngalangi kekarepane Bima. Bima ora iso dialangi. Banjur lunga, pamitan
lan jaluk pituduh marang pendeta Durna. Bima ngadep pendeta Durna, Pendeta
Durna ngandani yen banyu suci kuwi ana ing alas Tikbrasara. Banjur Bima pamitan
marang raja Duryudana lan Pendeta Durna. Bima ninggalna kerajaan Ngastina,
mlebu alas sawise ngliwati sakabehan alangan. Lakune bima teka ing gunung
candramuka. Bima golek banyu suci ing jero gua lan nyingkirna watu-watu.
Ujug-ujug ketemu karo buta loro jenenge Rukmuka lan Rukmakala. Bima diserang
buta mau ananging buta mau isa dimusnahna bima. Buta loro mau jelma dadi dewa
Indra lan dewa Bayu. Banjur krungu suara ngandani supaya Bima balik ing
Ngastina. Ing papan kuwi ora ana banyu suci. Bima gage-gage balik ing Ngastina.
Banjur bima teka ing Ngastina marani pendeta Durna sing lagi diadep para
Kurawa. Dheweke kabeh kaget meruhi tekane Bima. Kabeh sing teka nyambut tekane
Bima kanthi ramah. Pendeta Durna takon hasil lungane Bima. Bima jawab yen
dheweka ora nemuake banyu suci ing gunung Candramuka. Dheweke namung nemuake
buta loro lan saiki wis dipateni. Pendeta Durna ngomong,yen banyu suci wis ana
ing pusat ngisor segara. Bima percaya lan bakal goleki. Karo basa-basi
Duryudana menehi nasihat supaya Bima ati-ati. Bima pamitan marang pemdeta Durna
lan Duryudana. Bima nemuni sedulure ing kerajaan Ngamarta, dheweke jaluk pamit
lunga golek banyu suci. Para Pandhawa nyoba ngalangi ananging ora isa. Bima
mlaku nlusuri alas banjur ing tepi samodera. Biam duwe kesaktian saka “aji
sangara.” Karo wani dheweke terjun ing jero samodera. Ujug-ujug ana naga nyegat
dheweke. Naga ngubet Bima,ananging naga mati ditujep kuku Pancanaka. Bima teka
ing pusat ngisor samodera, ketemu karo Dewa Ruci. Dewa Ruci isa jelasna asal
keturunane Bima lan nyebut sedulure. Dewa Ruci uga ngerti kekarepane Bima teka
ing pusat dasar samodera. Dewa Ruci menehi nasihat, wong aja lunga yen ora
ngerti papan kang bakal ditekani. Aja mangan sadurunge ngerti rasa pakanan kang
bakal dipangan. Aja nganggo klambi yen during ngerti jeneng klambi kang bakal
dienggo. Sapa wae yen ora ngerti, takono karo wong sing wis ngerti. Bima
rumangsa ina, banjur jaluk meguru karo Dewa Ruci. Bima dikongkon mlebu ing jero
rongga wetenge Dewa Ruci. Bima gumun krungu perintahe Dewa Ruci. Dheweke kudu
mlebu liwat dalan ngendi, apa dudu Dewa Ruci luwih ciliktinimbang Bima. Dewa
Ruci ngomong. Yen donya seisine isa lebu ing rongga wetenge. Bima dikongkon
mlebu liwat bolongan kuping kiwa. Banjur Bima teka ing jero rongga wetenge Dewa
Ruci, dheweke weruh samodera amba lan gede, ora ana tepine. Nalika ditakoni
Bima jawab yen dheweke namung weruh angkasa kothong sing adoh, ora ngerti ener
lor kidul, wetan kulon lan ngisor dhuwur, dheweke bingung. Ujug-ujug padang
jingglang, Bima krasa ngadep Dewa Ruci, dheweke ngerti sekabehane ener. Dewa
Ruci takon sawijining babagab sing diweruhi. Bima jawab, yen namung werna ireng
abang kuning lan putih sing diweruhi. Dewa Ruci menehi wejangan marang Bima.
Sawise nampa wejangan, Bima krasa bungah. Dheweke ora krasa ngelih,lara lan
ngantuk. Dheweke kepengin manggon ing wetenge Dewa Ruci. Dewa Ruci nglarang,
Bima diwejang maneh babagan uripe manungsa, banjur bima metu saka rongga
wetenge Dewa Ruci, lan jaluk balik nemuni sedulure ing Ngamarta, Yudhistira
nganakake pesta karo keluwarga kanggo nyambut mulihe Bima.
Dening: Ika Dewi Anggrayni
Dening: Ika Dewi Anggrayni
Tidak ada komentar:
Posting Komentar