Sabtu, 28 Desember 2013

Nyritakake Pengalaman Marang Liyan

Crita mujudake pagaweyan kang katone gampang, nanging akeh uga pawongan kang angel nalika arep nyritakake apa kang dadi uneg-uneg lan pengalaman kang wis tau dialami. nyritakake ngenani pangalaman pancen kalamangsa bisa gawe wong kang ngrungokake bisa melu seneng, bisa uga sedih malah bisa uga ngguyu.
crita pengalaman bisa kaperang kayata yaiku:
  1. Crita pengalaman seneng
  2. Crita pengalaman sedhih
  3. Crita pengalaman lucu
  4. Crita pengalaman pribadi
    Ing ngisor iki tuladha crita pengalaman:
    1) Dhateng Pelabuhan Semarang
                Pinuju dinten libur kula sakanca dipun irid Bapak Guru karyawisata dhateng pelabuhan Semarang, seneng-seneng ngiras pados indhaking seserepan. Kanca kula klas sekawan sedaya wonten lare kawan dasa. Dados, cekap ngangge bis satunggal, dipun irid Bapak Guru saha Bapak Kepala Sekolah.
                Jam pitu enjing kula sakanca bidhal saking Ponorogo. Lampahipun bis ingkang kula tumpaki bablas tanpa mawi kendel-kendel. Pamrihipunm supados dumuginipun ing pelabuhan dereng benter sanget. Ing samargi-margi kula sakanca sakalangkung seneng nyawang endahing sesawangan ing sakiwa tengening margi. Dumugi ing Tuntang, kitha alit ing saelering kitha Slatiga, ing sisih kiwaning margi ketingal Rawa Pening, toyanipun lerab-lerab katut ing suilirng angin, ketingal negsemaken.
                Watawis pukul sanga bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing pelabuhan Semarang. Ing ngriku kula sumerep kapal alit-alit katha sanget, sami momot kajeng. Baita punika sami labuh ing sungapaning lepen. Kapal ingkang ageng boten saged labuh wonten ing ngriku, jalaran ing ngriku toyanipun cethek saha papanipun rupeg sanget. Kapal ingkang ageng sami labuh wonten ing papan sanes, tebih saking gisiking seganten, ing panggenan ingkang toyanipun lebet. Saking panggenan labuhipun baita-baita ageng ngantos dumugi ing gisiking segangen wonten margi panjang, wiyaripun watawis kali meter. Kejawi baita barang, ing sakiwa-tengenipun margi punika ugi katha baita alit-alit sami kendel. Baita punika dipun sewakaken dhateng umum ingkang kepengin badhe praon. Saking ngriku ugi ketingal wonten baita layar alit-alit pating krampul wonten ing satengahing seganten. Baita punika baitanipun para juru misaya mina, ingkang sami badhe wangsung ndharat.
                Pukul tiga siyang kula tata-tata badhe wangsul. Kangge angsal-angsal Bapak-ibu saha Adhik-adhik ing griya, kula tumbas ulam seganten lan rempeyek urang.
    2) Dhateng Kebun Binatang
                Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.
                Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.
                Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.
                Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.
                Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.
                Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.
                Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe.

Nyemak Wara-Wara

Wara-wara nduweni teges kabar ngenani babagan apa wae kang rinasa wigati kanggo pawongan kang dituju lan miturut kabutuhane bisa lisan uga tulisan. wara-wara bisa dimangerteni kanthi maca utawa ngrungokake. maca utawa ngrungokake wara-wara kudu ganep perangan kang ana ing sakjroning wara-wara kayata yaiku.
  1. Sapa kang nulis wara-wara.
  2. Apa isine wara-wara kasebut.
  3. Sapa kang gawe wara-wara kasebut
    Wara-wara ing jaman saiki bisa kasebarake lumantar media masa antarane koran, radiyo, tipi, pamflet lan sapiturute.

Nyurasa Sastra Geguritan

Donyane kasusastran kuwi amba angkahe, akeh tulisane lan seni kabudayan kang bisa diasilake saka pamikire manungsa kanggo ngudhal isen-isen atine lan dadi pamikire. Kayata geguritan kuwi uga kawiwitan saka rasa pangrasane panyerat, banjur dinyatakake lumantar basa kang endah lan runtut, sanadyan kadang kala nggunakake basa kang ora klebu ing nalar. Geguritan minangka basa gancar kang wujude memper syair kanthi migunakake basa Jawa kang pinilih lan mentes kanggo ngandharakake isen-isen atine panyerat kasebut.
maca geguritan bisa nuwuhake panganggep lan panampa sing bisa beda-beda antarane wong siji lan sijine, kabeh kemau gumantung kepriye carane ngonceki apa kang ana ing sajroning geguritan kemau.
geguritan nduwe jinis-jinis miturut caching gatra saben sapadane, antarane yaiku:
  1. Gita dwi gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra.
  2. Gita tri gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka telung gatra.
  3. Gita catur gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka patang gatra.
  4. Gita panca gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka limang gatra.
  5. Gita sad gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka nem gatra.
  6. Gita sapta gatra sapada
    yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka pitung gatra.

    Dene titikane geguritan, antarane yaiku:
    1. Basane dudu basa padinan (sak bendina).
    2. Migunake basa kang endah lan mentes.
    3. Kasusun saka gatra lan pada.
    4. Biyasane ngandharake isen-isen atine panganggit.

Micara

Ngandharake Informasi Saka Maneka Warna Sumber:
maca lan ngrungokake pawarta saka maneka warna sumber pawarta kayata tipi, radiyo, koran lan saka omongane wong liya kudu kanthi cetha lan ganep, supaya ora ana sing kecicir lan ora ndadekake seling surupe anatarane siji lan sijine. supaya anggone ngandharake kabar kang ditampa bisa komplit kudu digatekake babagan kaya ing ngisor iki.
  1. Nyemak pawarta kang ditonton kanthi komplit.
  2. Nemtokake apa kang dadi uderaning isi saben pawarta.
  3. Nyatheti babgan kang penting lan butuh pangeling-eling.

Ngrungokake Pawarta

Ing jaman kang samsaya maju lan bisa diarani wis modern iki kabeh piranti kang sarwa canggih lan bisa nggampangake sakabehane urusane kabutuhane manungsa. kayadene ing babagan kang ana sesambungane karo ngerteni kahanan ndonya kang ora bisa diparani siji mboko siji. tipi, radiyo, telpon, lan sakpanunggale mujudake saperangan piranti kang bisa menehi kabar ngenai prastawa apa wae kang ana ing saindenging ndonya. kabeh uga wis tau ngerti apa kang diarani pawart. pawarta nduweni teges yaiku kabar utawa informasi ngenani kedadeyan kang anyar lan aktual sing dumadi ana ing saindenging ndonya.
pawarta bisa kasebarake kanthi:
  1. Lisan yaiku lumantar media massa (tipi, radiyo lan sapanunggalane)
  2. Tulisan yaiku lumantar ariwarti lan kalawarti.
    pawarta kang becik lan nengsemake yaiku pawarta kang ora bot sih utawa mihak marang salah sijine pawongan utawa bebadan, uga kudu ngandhut perangan yaiku:
    5W + 1H
    Katerangan:
    1. What tegese apa kang dumadi
    2. Where tegese ana papan ngendi prastawa kuwi mau dumadi.
    3. When tegese kapan prastawa kuwi mau dumadi.
    4. Who tegese sapa wae pawongan kang ana ing sajroning prastawa
    5. Why tegese apa kang njalari prastawa kuwi mau dumadi
    6. How tegese kepriye urut-urutane kedadeyane saka lekas nganti pungkasane.

Rabu, 25 Desember 2013

SENGKALAN



Sengkalan saka tembung Çakakala (Syakakala) tegese taun Çaka. Taun Çaka yaiku taun kang digunakake wong-wong ing tlatah kerajaan Çaka India. Taun Çaka kawiwitan 78 Masehi. Petungan taun Çaka adhedhasar lakune srengenge, mula umure / suwene padha karo tahun masehi. Dek jaman biyen wong Jawa akeh kang nggunakake taun Çaka. Rehning mangkono nalika jumenenge Sultan Agung malah dikepyakake (diresmekake) dadi taun Jawa nalika taun 1555 C (1663 M) dadi kaceke 78 taun. Kang diarani sengkalan yaiku pengetan angkane taun kang arupa ukara utawa gambar kanggo mengeti kadadean kang wigati. Ing pamrih supaya ora gampang lali. Sengkalan kang arupa ukara diarani Sengkaln lamba, denen kang arupa gambar diarani sengkalan memet utawa mèmèt. Mèt iku tebung kuwi tegesi nggoleki. Dadi gambar iku kon nggoleki yen diwaca unine piye.
Tuladha sengkalan lamba:
1.      Sirna ilang kertaning bumi.
   0       0          4           1         = (1400 Ç = 1478 M)
Supaya nuduhake angkane taun, angkane diwalik dadi 1400 sengkalan iku dumunung ana ing buku Negara Kertagama. Sengkalan iku mau duweni karep pepling nuduhake rusake Keraton Majapahit (Runtuhnya Kerajaan Majapahit)
2.      Surut sinaring magiri tunggal.
   0         5          7           1       = (1750) Penget sedane Paku Buwana V
3.      Rupa sirna retaning bumi.
   1       0         6          1           = (1601) Titimangsa Krunadana kacekel dening Sunan Amral
4.      Wiku sapta ngesti aji.              = (1877 Jawa) sengkalan ing buku Jaka lodhang arupa                                                         ramalan arep katekan alam karaharjan / kamardikan amarga                                      taun 1877 Jawa = 1945 M
5.      Terus karya tataning bumi.     = (1549 M) Pengetan adeg kutha Jepara ( Hari jadi Jepara)
    9         4        5          1
TULADHA SENGKALAN MEMET:
1.      Ing pelataran Keraton Surakarta ana gambar utawa pepenthan naga ditumpaki wong mabur, gambar iku yen digoleki ketemune unine Naga muluk tinitihan janma.
                                                                                     8         0          7           1         = (1708 Jawa)= 1781 M
Gambar iku pengetan taun anggone gawe panggung
2.      Ing regol sapinggire sitinggil kang kidul Kraton Ngayogyakarto karengga awujud Naga loro buntute pepuletan . gambar iku kudu diwaca: Dwi naga rasa tunggal.                     
                                                                                    2     8       6         1                   = (1682 Jawa)= 1756 M
Iku pengetan taun olehe mbangun
3.      Ing mejid Demak ana gambar Bulus iku uga minangka sengkalan kang arupa gambar, coba mbesuk yen mrana coba takokna marang ahli sejarah ing Demak. Utawa juru kuncine.
PEPELING:
Yen arep nggawe sengkalan kudu nggatekake:
1.      Kudu cocok karo kahanane kang dipengeti
2.      Aja nganti ana tembung kang mangro angkane
3.      Supaya nuduhake angkane taun diwalik saka mburi
4.      Ngerti watak-watake tembung, sebab saben tembung duweni watak angka dhewe-dhewe, umpamane kaya ngisor iki:
Watak 1            = Allah, gusti, ratu, kawula, janma, bupati, buntut, puser, bunder, nyawa,                                        wutuh, nyata, bumi, siti, srengenge, rembulan, semedi, eka.
Watak 2           = Barang kang jodhon: kembar, penganten, mripat, kuping, ngrungokake,                                        tangan, suwiwi, sungut, pipi, alis, nembah, mabur, mlaku, dwi.
Watak 3                        = Tri, telu, tiga, putri, kadi, kaya, pindha, geni, murup, panas, cacing.
Watak 4        = Banyu, kali, segara, bening, suci, warna, kiblat, jaman, panggawai,                                         karya, kerta.
Watak 5         = Angin, gegaman, piranti, serana, tata, marga, dalan, pandhawa, buta,                                         galak, bisikan, turu, alas.
Watak 6              = Rasa, pahit, sekeca, manis, obah, oyeg, retu, susah, cegah, uwit, mangsa,                                         wayang, tawon, kumbang.
Watak 7            = Pandhita, resi, wiku, piwulang, muni, suwara, luhur, titian, tunggangan,                                          jaran, gunug, ardi, cala, giri.
Watak 8        = Hasta, hesti, gajah, naga, pujangga, brahmana, selira, baya, cecak,                                          mangesti, liman.
Watak 9       = Bolongan, lawang, gapura, terus, manjing, seneng, nrima, bandha,                                          bedah, butul, menga, jawata, wangi.
Watak 10/0      = Suwung, kosong, musna, nir, rusak, ilang, gegana, mumbul, langit,                                           lunga, dasa, surut.

Jinising Sastra


Manut jinise kasusastran iku kaperang dadi loro:
1.      Sastra lesan yaiku sastra kang sumebare kanthicara gethok tular. Sastra lesan iki racake ora dingerteni sapa kang nganggit (anonim).
2.      Sastra tuli yaiku sastra kang sumare sarana tulisan

Wujuding kasusastran
Miturut wujude kasusastran iku kaperang:
1.      Geguritan (puisi)
Geguritan iku kasusastran kang kalebu basa pinathok Geguritan dhewe sabenere kalebu puisi Jawa gagrak anyar. Saliyane puisi gagrak anyar ana sing arane puisi gagrak lawas. Sing kalebu puisi Jawa gagrak lawas upamane tembang. Sing mbedakake antarane puisi jawa gagrak anyar lan gagrak lawas sejatine anal an orane paugeran-paugeran tertamtu. Tembang macapat upamane, kalebu gagrak lawas amarga isih kaiket anane paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Dene geguritan senajan wujude meh padha lan isih nggunakake paugeran nanging luwih maedika / bebas.
2.      Gancaran (prosa)
Gancaran iku klebu kasusastran kang wujude paragraf-paragraf. Kang kalebu gancaran iki upamane: cerkak / cerwil / cerita panglipur wuyung, Novel, Roman.
3.      Drama
Yaiku kasusastran kang wujude pacelathon / dialog. Kang kalebu drama upamane: Kethoprak, ludrug, wayang wong.

UPACARA ADAT PENGANTEN PANGGIH CARA JAWI


“Desa mawa cara, Negara mawa tata”. Unen-unen iki pancen wis trep dienggo, awit pancen wong Jawa iku wiwit saka Jawa Wetan nganti tumekane Jawa Kulon, tansah ngleluri adat lan tata carane sing dilestarikake nganti saiki. Kaya dene adat upacara Penganten Panggih. Wondene sasampunipun acara dhauping pasra penganten kalampahan dipunlajengaken upacara panggihing penganten. Dene urutaning adicara kados ing ngandhap punika.
  1. upacara balangan gantal-ganten
  2. upacara ngidak tigan kalajengaken penganten putri mijiki samparanipun penganten kakung.
  3. upacara kacar-kucur, pralambanging penganten kakung paring guna kaya dhateng penganten putri.
  4. upacara bobot timbang, penganten kakung saha putri dipunpangku bapakipun penganten putri, salajengipun ibunipun penganten putri pitaken?" awrat pundi, pak?". dipun wangsuli "padha abote, Bu." Tegesipun, tiyang sepuh boten mbedakaken antawisipun putra mantu kaliyan putra piyambak.
  5. upacara sungkeman, tandha pakurmatan saha pangabektinipun putra dhateng tiyang sepuhipun.
  6. upacara lenggah jejer, penganten sekaliyan lenggah jejer wonten ing kursi pajangan, kaapit patah sakembaran, para tiyang sepuh kakung putri, saha para sedherekipun.
    adicara kalajengaken kadosta: atur pambagya saha panuwun saking ingkang mengku gati, tanggap atur saking besan penganten lan sapiturutipun ngantos purnnaing pahargyan wiwahan.