Sabtu, 14 September 2013

Tuladha Pacelathon


­­­­­­­Pacelathon ingkang migunakake basa krama sedaya :
Musyawarah
Pak RT        : “Matur nuwun bapak-bapak sedaya, ingkang sampun kersa rawuh. Saderengipun mangga dipun wiwit kanthi dedonga, mugi-mugi pepanggihan mangke saged lumampah rancag, lan pikantuk kasil ingkang jumbuh. Dedonga kawiwitan… dedonga cekap. Salejengipun wekdal kula haturaken dumateng Pak RW, mangga…”
Pak RW       : “Mangga nuwun Pak RT, sugeng dalu sedaya kemawon,bilih pepanggihan dalu menika,  badhe ngrembang bab pengetan dinten kamardikan ingkang kaping 63 taun. Wonten ing pepanggihan wulan kepengker,wonten saperangan warga ingkang gadhah pemanggih, bilih pengetan dinten kamardikan tahun punika, boten sisah ngawontenaken lomba-lomba, ananging cekap ngawontenaken tirakatan, utawi namung ngawontenaken baksos, lha mangga sapunika sesarengan dipunpadosi amrih saenipun.’’
Pak RT        : “Bapak-bapak,mangga sinten ingkang badhe ngendikan rumiyin?”
Pak Hardi    : “Kula…Pak”
Pak RT        : “O…nggih mangga Pak Hardi,lajeng kewmawon.’’
Pak Hardi    :  mekaten nggih bapak-bapak, kula sarujuk dipunwontenake bakti sosial kemawon, punika langkung migunani, matur nuwun.”
Pak RT        : “O…nggih, nggih…wonten pamanggih sanes?”
Pak Adi       : “Kula…. Pak RT”
Pak RT        : “Nggih, kados pundi Pak Adi?”
Pak Adi       : “Miturut kula, pamanggihipun Pak Hardi punika sae, nanging kula kirang sarujuk Pak RT. Menawi pengetan setahun sepindah lomba-lomba punika ingkang sami dipuntengga para warga,nuwun.”
Pak RT        : “O… ngaten nggih? Wonten ingkang sanes malih?”
Pak Heru     : “Matur nuwun wekdalipun, menawi miturut kula, kula sarujuk kaliyan pamanggihipun Pak Hardi, menawi baksos punika langkung migunani, kaliyan boten kekathahen arta kangge hadiah, nuwun.”
Pak RT        : “Wah tansaya gayeng kemawon Pak RW, kados pundi punika Pak?
Pak Rw        : “Boten dados punapa Pak RT, punika ateges sedaya warga sami saestu anggenipun mangayubagya pengetan dinten kamardikan, mangga lho manawi taseh wonten pamanggih sanes.”
Pak Dwi      : ”Kula… Pak, menawi kula sapamanggih kaliyan Pak Adi, namung setahun sepindah boten ngangge lomba, punapa mangke boten kirang gregetipun, prekawis hadiah saged dipundadosaken donator, nuwun.”
Pak RT        : “Nggih, nggih, Pak RW wonten pamanggih…?
Pak RW       : “Matur nuwun, sasampunipun kula mirengaken maneka warna pamanggih kala wau, menawi kula kok sarujuk kalih-kalihipun…”
Bapak-bapak : “Lho dos pundi ta Pak RW punika.”
Pak Adi       : “Sarujuk nanging kalih-kalihipun, pikajengipun kados pundi Pak?”
Pak RW       : “Ngaten nggih bapak-bapak. Lomba tetep dipun wontenaken. Prekawis hadiah, sepalih saged dipun pendhetaken kas kampung, sepalihipun saged dipunsuwunaken donator, utawi dipun sumanggakaken dhateng sinten kemawon ingkang badhe nyumbang. Baksos punika inggih saged dipuntindhakaken, upaminipun ngempalaken rasukan inkang taseh pantes dipunangge lan nalika tanggal 16 dalu tetep ngawontenaken tirakatan nanging kanthi prasaja kemawon. Ingkang baken panjenengan, kula lan para kaneman saged mendhet wosipun dinten kamardikan punika. Kados pundi bapak-bapak, punapa saged dipuntampi?.”
Pak Heru     : “Inggih Pak RW, kula sarujuk, ingkang baken wosipun dinten kamardikan punika para pahlawan rumiyin mengsah penjajah kangge mujudaken kamardikan punika, sapunika giliran panjenengan, kula, lan para kanemann kangge ngisi kamardikan punika kanthi kesagedan piyambak-piyambak, lan jumbuh kaliyan pada melanipun piyamak-piyambak ugi.”
Pak Hardi    : “Menawi mekaten ateges, ingkang taseh sekolah anggadhahi kuwajiban sinau kanthi tumemen, ingkang nyambut damel inggih boten… boten… .“
Pak RT        : “Boten punapaPak Hardi?.”
Pak Hardi    : “Nuwun sewu, boten korupsi Pak.”
Pak RT        : “O…nggih, nggih menawi punika kula sarujuk sanget.”
Pak RW       : “Menawi sampun sami sarujuk sedaya, mangga dipuntutup kemawon pepanggihan punika,  minggu nganjeng dipun rembag babagan panitia 17-an.”
Pak RT        : “Bapak-bapak sedaya, dados kaputusan ngengingi pengetan dinten kamardikan kados ingkang sampun dipun ngendikaken Pak RW, nggih. Lajeng bab panitia mangke kula caosi undangan malih, kagem Pak Bowo kula ngaturaken panuwun sampun kersa kanggenan lan ubarampenipun. Lan sapunika, mangga acara punika dipuntutup kanthi donga.
Pak Bowo    : “Bapak-bapak, konduripun nderekaken….”
Bapak-bapak   : “Pareng…mangga Pak Bowo.”






Pacelathon ingkang migunakake basa karma ngoko lan krama inggil :
Sinau Babagan Wayang

Embah             : “Bekti, coba Embah arep takon marang kowe, ngiras pantes kanggo pangeling-eling ya?”
Bekti               : Inggih Embah, Embah badhe maringi pitakenan punapa?”
Embah            : ”Kowe wis tau diwulang wayang karo gurumu?”
Bekti                : “Inggih sampun, Embah, lajeng kersanipun Embah?”
Embah            : “Embah arep takon Pandhawa iku sapa bae?”
Bekti               : “Pandhawa inggih punika Puntadewa, Bratasena, Janaka, Nakula, lan Sadewa.”
Embah               : “Pinter!, Puntadewa iku sapa, Ratu ing Negara ngendi, apa kasektene? Coba kowe Riska!”
Riska                 : “Puntadewa punika putra Prabu Pandhudewanata ingkang Pambajeng, Jumeneng Nata utawi Ratu wonten ingh negari Amarta jejuluk Prabu Yudhistira, anggadhahi aji Jimat Jamus Kalimasada. Watakipun sabar, nrima, setya, tresna dhumateng sesame, jujur, remen dedana, gandrung dhumateng kautaman.”
Embah               : “Bener!, yen Bratasena iku sapa, satriya ing ngendi lan nduwe aji-aji apa? Ayo coba kowe Dewi!”
Dewi                 : “Bratasena utawi Wrekudara punika putra Prabu Pandhudewanata ingkang panenggak. Kasatriyanipun wonten ing Jodhipati utawi Tunggul Pamenang, anggadhahi aji-aji Bandung Bandawasa, Wungkal Bener, Blabag Pangantol-antol, Jalaseagara, watakipun lugu, jujur, prasaja, temen, kendel,wani.”
Embah                         : “Pancen pinter-pinter tenan. Ayo kowe Wulan njajal terangake Janaka!”
Wulan               : “Janaka utawi Raden Harjuna punika minangka panengahing Pandhawa, kasatriyanipun wonten ing Madukara, dene kasektenipun Keris Kalanadhah, Pulanggeni, Panah Pasopati. Watake tansah asih, dhemen tetulung, sekti tanpa aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning dewa.”
Embah              : “Wiwit mau kok during ngerti swarane Bekti, coba terangna Nakula lan Sadewa!”
Bekti                 : “Nakula lan Sadhewa punika putra Prabu Pandhudewanata ingkang wuragil, ingkang miyos kembar.
Embah              : “Coba kowe Riska bacutke katrangane Bekti!”
Riska                 : “ Raden Nakula punika satriya wonten ing Sawojajar, anggadhahi aji-aji  Pranawajati ingkang isi yoya panggesangan. Tansah njaga karahayoning nagari.”
Embah              : “Nek Sadewa iku Katrangane piye Wulan?”
Wulan               : “Raden Sadewa punika satriya wonten ing Bumiretawu, anggadhahi aji-aji Mantra Pangrywatan lan Aji Pranamajadhi.
Embah               : “Iyo bener, wah pinter-pinter kabeh putri-putriku iki. Ya sing kaya mangkono iku. Wayang iku kabudayane dhewe, mula dhewe aja ngantek nglaleake. Kowe kabeh kudu bias nulat watake para Pandhawa sing prayoga yen diterapake ana ing panguripan saben dina, ya?”
Bocah-bocah   : “Inggih Embah.”




Tidak ada komentar:

Posting Komentar