Pacelathon
ingkang migunakake basa krama sedaya :
Musyawarah
Pak
RT : “Matur nuwun bapak-bapak
sedaya, ingkang sampun kersa rawuh. Saderengipun mangga dipun wiwit kanthi
dedonga, mugi-mugi pepanggihan mangke saged lumampah rancag, lan pikantuk kasil
ingkang jumbuh. Dedonga kawiwitan… dedonga cekap. Salejengipun wekdal kula haturaken
dumateng Pak RW, mangga…”
Pak
RW : “Mangga nuwun Pak RT, sugeng dalu
sedaya kemawon,bilih pepanggihan dalu menika, badhe ngrembang bab pengetan dinten kamardikan
ingkang kaping 63 taun. Wonten ing pepanggihan wulan kepengker,wonten
saperangan warga ingkang gadhah pemanggih, bilih pengetan dinten kamardikan tahun
punika, boten sisah ngawontenaken lomba-lomba, ananging cekap ngawontenaken
tirakatan, utawi namung ngawontenaken baksos, lha mangga sapunika sesarengan
dipunpadosi amrih saenipun.’’
Pak RT : “Bapak-bapak,mangga sinten ingkang badhe ngendikan
rumiyin?”
Pak Hardi : “Kula…Pak”
Pak RT : “O…nggih mangga Pak Hardi,lajeng kewmawon.’’
Pak
Hardi : mekaten nggih bapak-bapak, kula sarujuk
dipunwontenake bakti sosial kemawon, punika langkung migunani, matur nuwun.”
Pak RT : “O…nggih, nggih…wonten pamanggih sanes?”
Pak Adi : “Kula…. Pak RT”
Pak RT :
“Nggih, kados pundi Pak Adi?”
Pak
Adi : “Miturut kula, pamanggihipun
Pak Hardi punika sae, nanging kula kirang sarujuk Pak RT. Menawi pengetan setahun
sepindah lomba-lomba punika ingkang sami dipuntengga para warga,nuwun.”
Pak RT : “O… ngaten nggih? Wonten ingkang sanes malih?”
Pak
Heru : “Matur nuwun wekdalipun, menawi
miturut kula, kula sarujuk kaliyan pamanggihipun Pak Hardi, menawi baksos
punika langkung migunani, kaliyan boten kekathahen arta kangge hadiah, nuwun.”
Pak RT : “Wah tansaya gayeng kemawon Pak RW, kados pundi punika Pak?
Pak
Rw : “Boten dados punapa Pak RT,
punika ateges sedaya warga sami saestu anggenipun mangayubagya pengetan dinten
kamardikan, mangga lho manawi taseh wonten pamanggih sanes.”
Pak
Dwi : ”Kula… Pak, menawi kula sapamanggih
kaliyan Pak Adi, namung setahun sepindah boten ngangge lomba, punapa mangke
boten kirang gregetipun, prekawis hadiah saged dipundadosaken donator, nuwun.”
Pak RT : “Nggih, nggih, Pak RW wonten pamanggih…?
Pak
RW : “Matur nuwun, sasampunipun kula
mirengaken maneka warna pamanggih kala wau, menawi kula kok sarujuk
kalih-kalihipun…”
Bapak-bapak : “Lho dos pundi ta
Pak RW punika.”
Pak Adi : “Sarujuk nanging kalih-kalihipun, pikajengipun kados pundi
Pak?”
Pak
RW : “Ngaten nggih bapak-bapak.
Lomba tetep dipun wontenaken. Prekawis hadiah, sepalih saged dipun pendhetaken
kas kampung, sepalihipun saged dipunsuwunaken donator, utawi dipun sumanggakaken
dhateng sinten kemawon ingkang badhe nyumbang. Baksos punika inggih saged
dipuntindhakaken, upaminipun ngempalaken rasukan inkang taseh pantes dipunangge
lan nalika tanggal 16 dalu tetep ngawontenaken tirakatan nanging kanthi prasaja
kemawon. Ingkang baken panjenengan, kula lan para kaneman saged mendhet wosipun
dinten kamardikan punika. Kados pundi bapak-bapak, punapa saged dipuntampi?.”
Pak
Heru : “Inggih Pak RW, kula sarujuk,
ingkang baken wosipun dinten kamardikan punika para pahlawan rumiyin mengsah
penjajah kangge mujudaken kamardikan punika, sapunika giliran panjenengan,
kula, lan para kanemann kangge ngisi kamardikan punika kanthi kesagedan
piyambak-piyambak, lan jumbuh kaliyan pada melanipun piyamak-piyambak ugi.”
Pak
Hardi : “Menawi mekaten ateges, ingkang
taseh sekolah anggadhahi kuwajiban sinau kanthi tumemen, ingkang nyambut damel
inggih boten… boten… .“
Pak RT : “Boten punapaPak Hardi?.”
Pak Hardi : “Nuwun sewu, boten korupsi Pak.”
Pak RT : “O…nggih, nggih menawi punika kula sarujuk sanget.”
Pak
RW : “Menawi sampun sami sarujuk
sedaya, mangga dipuntutup kemawon pepanggihan punika, minggu nganjeng dipun rembag babagan panitia
17-an.”
Pak
RT : “Bapak-bapak sedaya, dados
kaputusan ngengingi pengetan dinten kamardikan kados ingkang sampun dipun
ngendikaken Pak RW, nggih. Lajeng bab panitia mangke kula caosi undangan malih,
kagem Pak Bowo kula ngaturaken panuwun sampun kersa kanggenan lan
ubarampenipun. Lan sapunika, mangga acara punika dipuntutup kanthi donga.
Pak Bowo : “Bapak-bapak, konduripun nderekaken….”
Bapak-bapak : “Pareng…mangga Pak Bowo.”
Pacelathon
ingkang migunakake basa karma ngoko lan krama inggil :
Sinau
Babagan Wayang
Embah : “Bekti, coba Embah arep takon marang kowe, ngiras
pantes kanggo pangeling-eling ya?”
Bekti : Inggih Embah, Embah badhe maringi
pitakenan punapa?”
Embah
: ”Kowe wis tau diwulang wayang karo
gurumu?”
Bekti : “Inggih sampun, Embah, lajeng
kersanipun Embah?”
Embah
: “Embah arep takon Pandhawa iku sapa
bae?”
Bekti : “Pandhawa inggih punika Puntadewa,
Bratasena, Janaka, Nakula, lan Sadewa.”
Embah : “Pinter!, Puntadewa iku sapa, Ratu ing Negara
ngendi, apa kasektene? Coba kowe Riska!”
Riska : “Puntadewa punika putra Prabu Pandhudewanata
ingkang Pambajeng, Jumeneng Nata utawi Ratu wonten ingh negari Amarta jejuluk
Prabu Yudhistira, anggadhahi aji Jimat Jamus Kalimasada. Watakipun sabar,
nrima, setya, tresna dhumateng sesame, jujur, remen dedana, gandrung dhumateng
kautaman.”
Embah : “Bener!, yen Bratasena iku sapa, satriya ing
ngendi lan nduwe aji-aji apa? Ayo coba kowe Dewi!”
Dewi : “Bratasena utawi Wrekudara punika putra Prabu
Pandhudewanata ingkang panenggak. Kasatriyanipun wonten ing Jodhipati utawi
Tunggul Pamenang, anggadhahi aji-aji Bandung Bandawasa, Wungkal Bener, Blabag
Pangantol-antol, Jalaseagara, watakipun lugu, jujur, prasaja, temen,
kendel,wani.”
Embah :
“Pancen pinter-pinter tenan. Ayo kowe Wulan njajal terangake Janaka!”
Wulan : “Janaka utawi Raden Harjuna punika minangka
panengahing Pandhawa, kasatriyanipun wonten ing Madukara, dene kasektenipun
Keris Kalanadhah, Pulanggeni, Panah Pasopati. Watake tansah asih, dhemen
tetulung, sekti tanpa aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning dewa.”
Embah : “Wiwit mau kok during ngerti
swarane Bekti, coba terangna Nakula lan Sadewa!”
Bekti : “Nakula lan Sadhewa punika putra Prabu
Pandhudewanata ingkang wuragil, ingkang miyos kembar.
Embah : “Coba kowe Riska bacutke katrangane
Bekti!”
Riska : “ Raden Nakula punika satriya wonten ing
Sawojajar, anggadhahi aji-aji
Pranawajati ingkang isi yoya panggesangan. Tansah njaga karahayoning
nagari.”
Embah : “Nek Sadewa iku
Katrangane piye Wulan?”
Wulan : “Raden Sadewa punika satriya wonten ing Bumiretawu,
anggadhahi aji-aji Mantra Pangrywatan lan Aji Pranamajadhi.
Embah : “Iyo bener, wah pinter-pinter kabeh putri-putriku
iki. Ya sing kaya mangkono iku. Wayang iku kabudayane dhewe, mula dhewe aja
ngantek nglaleake. Kowe kabeh kudu bias nulat watake para Pandhawa sing prayoga
yen diterapake ana ing panguripan saben dina, ya?”
Bocah-bocah : “Inggih Embah.”